السَّلاَمُ عَلَيْكُمْ
وَرَحْمَةُ اللهِ وَبَرَاكَاتُهُ
الحَمْدُ لله 2 الَذِى جَعَلَ رَمَضَانَ شَهْرً الَّذِى أُنْزِلَ فِيْهِ
اْلقُرْآن هُدًى لِّلنَّاسِ وَبَيِّنَاتٍ مِّنَ اْلهُدَى وَاْلفُرْقاَنِ. أَشْهَدُ
أَنْ لاَ اِله إِلاَّ الله وَحْدَه لاَ شَرِيْكَ لَه رَحِيْمٌ لِّلْمُؤْمِنِيْنَ
وَلِلْخَائِفِيْن اَمَاناً. وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدً رَسُوْلُ الله عَبْدُهُ
وَرَسُوْلُه أُوْتِىَ اْلقُرْآن. اللَّهُمَّ صَلِّ عَلَى سَيِّدِناَ مُحَمَّد
وَعلَى آلِه وَأَصْحَابِه حَمْلَةُ ْالهُدَى وَاْلبَيَان.
قال الله تعالى في كتابه الكريم، أعوذ بالله من الشيطان الرجيم " شَهْرُ
رَمَضَانَ الَّذِى اُنْزِلَ فِيْهِ اْلقُرْآنُ هُدًى لِّلنَّاسِ وَبَيِّناَتٍ
مِّنَ اْلهُدَى وَالْفُرْقاَنِ"
وقَالَ رَسُولَ اللَّهِ صلى الله عليه وسلم : مَنْ قاَمَ رَمَضَانَ
إِيْمَاناً وَاحْتِسَاباً غُفِرَ لَهُ مَا تَقَدَّمَ مِنْ ذَنْبِهِ (متفق عليه)
أَمَّا بَعْدُ – فَيَا عِبَادَ اللهِ ! إِتَّقُوْا
اللهَ حَقَّ تُقَاتِه وَلاَ تَمُوْتُنَّ إِلاَّ وَأَنْتُمْ مُسْلِمُوْنَ. وَقَدْ
فَازَ اْلمُتَّقُوْن وَأَطِيْعُوْا لَعَلَّكُمْ تُفْلِحُوْنَ.
Hadirin sidang jum’at ingkang minulyo.
Sak mantunipun muji dumateng Alloh, soho maos sholawat
konjuk dateng junjungan kito Nabi Agung Muhammad SAW., kulo wasiat dumateng
panjenengan sedoyo, khususipun pribadi kulo piyambak, monggo samiyo nambahi
takwa dumateng Allah SWT kanthi nebihi awisan-awisanipun lan nglampahi punopo
ingkang dipun dawuhaken.
Sak meniko kito wonten sak lebetipun
wulan romadlon, wulan ingkang agung, wulan ingkang kebak berkahipun Allah.
Wonten wulan meniko Allah nurunaken al-Qur’an, kitab panutan kito umat Islam,
kitab ingkang isi pitedah-pitedah ingkang bagus tumraping tiyang ingkang
mukmin. Ugi ing dalem wulan meniko wonten dalu ingkang langkung sahe ketimbang
sewu wulan, dalu meniko dipun wastani lailatul Qodar.
Allah majibaken dumateng kito sedoyo siyam ing dalem
wulan Romadlon meniko minongko ad-Dzikr / pepiling tumraping menungso
ingkang panci kathah supenipun. Inggih supe nindaaken syukur saking ni’mat
ingkang sampun dipun paringaken.
Poro hadirin jum’ah ingkang minulyo.
Sangking arah meniko kito kedah kados pundi sak
sampunipun mangertos fadlilah lan agungipun wulan romadlon? Mboten wonten sanes
monggo kito inggahake kito tambahi ibadah amal sholih kitho ingkang kange
simpenan benjang bikaipun wonten ing akherot. Kito katah-katahaken istighfar
lan deres al-Qur’an kanti eling-eling sak maknane soho sholawatipun, kito sudo
anggenipun nyambut damel utawi ngulari bondo, sebab manawi badan kito kesel
utawi sayah meniko saged ngelaleaken dateng nindaaken kewajiban-kewajiban
wonten ing wulan meniko. Kito kedah saget bagi wekdalipun ingkang supados hasil
sedoyonipun.
أَيُّهَا ْالمُسْلِمُوْنَ ! عَلَيْكُمْ
بِتِلاَوَةِ اْلقُرْآنِ اْلعَظِيْمِ فىِ هَذَا الشَّهْرِ اْلعَظِيْمِ اِقْتِدَاءً
بِنَبِيِّكُمْ صَلَّى الله عَلَيْهِ وَسَلَّمَ فَقَدْ كاَنَ يَلْقَاهُ جِبْرِيْلُ
فَيُدَارِسُهُ ْالقُرْآنَ فِى شَهْرِ رَمَضَانَ وَكَانَ السَّلَفُ الصَّالِِح
يُكْثِرُوْنَ مِنْ تِلاَوَةِ اْلقُرْآنِ اْلعَظِيْمِ.
Poro kaum muslimin hadirin
sidang jum’at ingkang minulyo.
Monggo wonten ing wulan meniko kito supados ngatah-ngatahaken
mahos al_Qur’an al_karim derek tindak lampahipun kanjeng Nabi Muhammad SAW.
Keranten wonten ing wulan meniko kanjeng nabi dipun panggihi deneng malaikat Jibril AS
lajeng tadarrus al-Qur’an. Lan malih poro ulama kito sami ngatah-ngatahaken
mahos al-Qur’an wonten ing wulan meniko.
Keranten gusti Allah sampun maringi keistimewaan ing
wulan romadlon arupi temurunipun al_Qur’an. Kados dawuhipun Allah wonten ing
al-Qur’an;
شَهْرُ رَمَضَانَ الَّذِى اُنْزِلَ فِيْهِ
اْلقُرْآنُ هُدًى لِّلنَّاسِ وَبَيِّناَتٍ مِّنَ اْلهُدَى وَالْفُرْقاَنِ.
Ingkang artosipun: “ Kang ono ing sak jerone wulan
Romadlon al-Qur’an diturunake kangge nuduhake marang menungso lan dadi tondo
terang saking pituduhe Allah SWT lan kangge bedaaken antarane barang kang haq
lan kang bathil”.
وَقَدْ صَحَّ عَنْ رَسُوْلِ الله صَلىَّ الله
عَلَيْهِ وَسَلَّمَ أَنَّهُ قَالَ: مَنْ قَرَأَ حَرْفاً مِنْ كِتَابِ الله فَلَهُ
عَشْرُ حَسَناَتٍ
Artosipun; “ Sopo wonge moco sak huruf sangking
kitab al-Qur’an mongko kanggu wong iku sepuluh kabagusan”.
Poro hadirin ingkang kawulo mulyaaken.
Kejawi
kito supados ngatah-ngatahaken mahos al_qur’an lajeng kito supados saged
ngerekso / nyejani dateng siyam kito meniko sangking perkawis-perkawis ingkang
saged ngerusak dateng sah ipun siyam, inggih meniko amal awon, kados ngerasani
tiyang sanes, adu-adu lan sak panunggalanipun. Keranten engkang nami siyam
meniko boten namung ngempet dahar lan minum kemawon, ananging ugi kedah ngempet
sangking pendamelan mungkar ingkang dipun awisi deneng Allah SWT.
Pramilo
monggo wonten wulan romadlon meniko dipun isi kanthi amal-amal ingkang soleh.
Kados tadarrus al-Qur’an, sholat tarawih berjamaah lan qiyamul lail, soho
ngatah-ngatahaken anggenipun taubat lan istighfar dateng Allah SWT.
Dipun
sebataken wonten ing hadis bilih rasulullah SAW ngendiko;
ثَلاَثُ نَفَرٍ تُصَافِحُهُمُ اْلمَلاَئِكَةُ
يَوْمَ يُخْرَجُوْنَ مِنْ قُبُوْرِهِمُ الشُّهَدَاءُ وَاْلقَائِمُوْنَ شَهْرَ
رَمَضَانَ وَالصَّائِمُوْنَ يَوْمَ عَرَفَةَ .
Artosipun;
“ Ono telung golongan kang bakal salaman karo malaikat naliko tangi soko
kubur. Deweke yoiku: Poro syuhada’, wong-wong mukmin kang ndiriaken sholat
tahajjud ono ing wulan romadlon lan wong-wong kang poso ing dino Arofah”.
Lajeng
kados pundi lan sinten tiyang ingkang mboten kepingin waget salaman kaliyan
malaikat, makhlukipun Allah ingkang mulyo, lan malaikat meniko pirso nami-nami
kito. Lan kanti salaman mentandaaken bilih kito kalebet tiyang ingkang bejo,
slamet mangke dumugi suargo. Temtu kemawon meniko dados idam-idamanipun kito
sedoyo.
Wonten
hadits lintu Rasulullah SAW ngendiko:
مَنْ قاَمَ رَمَضَانَ إِيْمَاناً وَاحْتِسَاباً
غُفِرَ لَهُ مَا تَقَدَّمَ مِنْ ذَنْبِهِ (متفق عليه)
Artosipun;
“ Sopo wonge ngelakoni ibadah ing wulan ramadlan kanthi dasar iman lan
kerono murih ganjaran, mongko wong mahu
bakal dingapuro dusane kang wis
keliwat”.
Akhiripun,
monggo kito tansah ngiyataken jiwo rogo,
kito jagi kesehatan wonten ing wulan romadon meniko supados kito wagedbibadah
sak katah-katahipun. Lan mugi-mugi Allah tansah paring pitedah soho kekiatan,
amin, amin, amin…ya robbal ‘alamin.
اَعُوْذُ باِلله مِنَ الشَّيْطاَنِ الرَّجِيْمِ
بِسْمِ الله الرَّحْمنِ الرَّحِيْمِ. يآ اَيُّهاَ الَّذِيْنَ آمَنُوْا كُتِبَ
عَلَيْكُمُ الصِّياَمُ كَمَا كُتِبَ عَلىَ الَّذِيْنَ مِنْ قَبْلِكُمْ لَعَلَّكُمْ
تَتَّقُوْنَ. اّيَّامًا مَعْدُوْدَاتٍ, فَمَنْ كَانَ مِنْكُمْ مَرِيْضًا أَوْ
عَلَى سَفَرٍ فَعِدَّةٌ مِنْ أَياَّمٍ اُخََر, وَعَلَى الَّذِيْنَ يُطِيْقُوْنَه
فِدْيَةٌ طَعَامُ مِسْكِيْن, وَمَنْ تَطَوَّعَ خَيْرًا فَهُوَ خَيْرٌ لَهُ وَاَنْ
تَصُوْمُوْا خَيْرٌ لَكُمْ اِنْ كُنْتُمْ تَعْلَمُوْن.
باَرَكَ اللهُ ليِ وَلَكُمْ فيِ ْالقُرْآنِ اْلعَظِيْمِ - وَنَفَعَنيِ وَإِياَّكُمْ
بِمَا فِيْهِ مِنَ اْلآياَتِ وَالذِّكْرِ اْلحَكِيْمِ - وَتَقَبَّلَ مِنيِّ وَمِنْكُمْ
تِلاَوَتَهُ إِنَّهُ هُوَ السَّمِيْعُ اْلعَلِيْم – أَقُوْلُ قَوْليِ هَذَا وَاسْتَغْفُرُ
اللهَ اْلعَظِيْم ليِ وَلَكُمْ وَلِسَائِرِ اْلمُسْلِمِيْنَ وَاْلمُسْلِمَات وَاْلمُؤْمِنِيْنَ
وَاْلمُؤْمِنَات فَاسْتَغْفِرُوْهُ إِنَّهُ هُوَ اْلغَفُوْرُ الرَّحِيْمِ.
0 komentar:
Posting Komentar
Terimakasih telah berkomentar di website kami