
السَّلاَمُ عَلَيْكُمْ
وَرَحْمَةُ اللهِ وَبَرَاكَاتُهُ
الحَمْدُ لله 2
الَذِى قاَئِلْ فىِ كِتَابِهِ ْالكَرِيْمِ, وَتُوْبُوْا إِلىَ اللهِ جَمِيْعاً
أَيُّهَا اْلمُؤْمِنُوْنَ لَعَلَّكُمْ تُفْلِحُوْنَ, أَشْهَدُ أَنْ لاَ اِله إِلاَّ
الله وَحْدَه لاَ شَرِيْكَ لَه رَحِيْمٌ لِّلْمُؤْمِنِيْنَ وَلِلْخَائِفِيْن
اَمَاناً. وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدً رَسُوْلُ الله عَبْدُهُ وَرَسُوْلُه
أُوْتِىَ اْلقُرْآن. اللَّهُمَّ صَلِّ عَلَى سَيِّدِناَ مُحَمَّد وَعلَى آلِه
وَأَصْحَابِه وَسَلِّمْ تَسْليِمْاً كَثِيْرًا.
أَمَّا بَعْدُ – فَيَا عِبَادَ اللهِ ! إِتَّقُوْا اللهَ حَقَّ تُقَاتِه
وَلاَ تَمُوْتُنَّ إِلاَّ وَأَنْتُمْ مُسْلِمُوْنَ. وَقَدْ فَازَ اْلمُتَّقُوْن
وَأَطِيْعُوْا لَعَلَّكُمْ تُفْلِحُوْنَ.
Hadirin sidang jum’at ingkang dipun
mulyaaken dening Allah SWT.
Monggo samiyo nambahi takwa
dumateng gusti Allah SWT kanthi nebihi awisan-awisanipun lan nglampahi punopo
ingkang dipun dawuhaken. Lan kito sedoyo sampun ngantos pejah kejawi netepi
agami Islam lan pejah ingkang khusnul khotimah (sahe wonten akhiripun).
Kito sedoyo kawulane Allah SWT, kedah mangertos, bilih anak turunipun Nabi
Adam Alaihi Salam., meniko salah satunggalipun makhluk Allah ingkang dipun
kepung kaliyan pinten-pinten mungsuh, ingkang arupi syaiton, jin lan manungso.
Ingkang sedoyo kolo wau mahes-mahesi utawi ngapik-ngapiki dateng barang ingkang awon. Lan ngawontenaken
barang ingkang sahe. Ing mongko piyambakipun sareng-sareng kaliyan nafsunipun
menungso ingkang selalu ngajak dateng perkawis awon. Ananging kaliyan sedoyo
kolo wau Gusti Allah dadosaken alat ingkang kangge merangi, inggih puniko
taubat dumateng Allah SWT sarono nyuwun pitulunganipun Allah SWT. Kados
pangendikanipun Allah SWT wonten al-Qur’an:
وَاعْتَصِمُوْا
بِالله هُوَ مَوْلاَكُمْ فَنِعْمَ اْلمَوْلىَ وَنِعْمَ النَّصِيْرُ
Ingkang artosipun: “ Podho gondelano siro kabeh
marang tali agamane Allah, sak estunipun Allah SWT iku bendoro siro kabeh,
mongko sak bagus-baguse bendoro iku Allah lan sak bagus-baguse dzat kang
nulungi iku Allah SWT”.
Pramilo sinten kemawon tiyang ingkang ngelampahi
perkawis ingkang awon utawi maksiyat supados engal-enggal taubat marang Gusti
Allah lan nyuwun pengapunten dateng Allah lajeng dipun sarengi kaliyan amal
ingkang sahe soho nebihi dateng perkawis ingkang awon kolo wau. Keranten sedoyo
perkawis ingkang sahe puniko saged ngelebur perkawis ingkang awon utawi
maksiyat. Kados dawuhipun Allah wonten al-Qur’an :
وَمَنْ
يَعْمَلْ سُوْأً أَوْ يَظْلِمْ نَفْسَهُ ثُمَّ يَسْتَغْفِرِ اللهَ يَجِدِ اللهَ
غَفُوْرًا رَحِيْماً
Artosipun
kirang langkung: “ Sing sopo wonge ngelakoni olo utawi nganiyoyo tumrap
awake dewe nuli podo nyuwun ngapuro marang Gusti Allah, mongko bakal nemu dzat
kang akeh pengapuro lan welase”.
Hadirin sidang jum’at ingkang dipun
mulyaaken dening Allah SWT.
Pancen taubat ingkang
saestunipun puniko saged ngelebur dateng amal awon ingkang dipun lampahi. Kados pangendikanipun Kanjeng Nabi Muhammad SAW:
التَّائِبُ مِنَ الذَّنْبِ كَمَنْ لاَ ذَنْبَ لَهُ
Artosipun: “ Wong kang taubat iku koyo dene wong kang
ora ono dosane (ora duweni doso)”.
Dene doso puniko wonten
ingkang alit lan wonten doso ingkang ageng. Ananging pengapuranipun Allah
puniko langkung ageng. Alhasil manawi wonten tiyang nyono bilih doso puniko
mboten saged dipun ngapuro dening Allah SWT, tiyang ingkang mekaten puniko
berartos kagolong tiyang ingkang putus asa saking rohmatipun Allah, ing mongko
putus asa puniko kagolong doso ingkang ageng. Kanjeng Nabi SAW dawuh:
لاَ تَيْئَسُوا مِنْ رَوْحِ اللهِ
Artosipun: “ Ojo podo putus
asa siro kabeh saking rohmatipun Allah SWT”.
Ananging sedoyo kolo wau
mboten ateges gegampang dateng pengapurane Gusti Allah, selajeng tansah
nindaaken maksiyat lan duroko dateng Allah SWT puniko boten. Balik monggo poro
kaum muslimin sedoyo sami mangertoso..!! Bilih ingkang nami taubat inggih
puniko mareni agawe maksiyat tumuju toat marang Gusti Allah. Boten namung dipun dipun ucapaken wonten ing lisan kemawon.
Lan taubat puniko ugi wonten syarat-syaratipun,
1.
Kedah
niyat nilaraken utawi nebihi dateng maksiyat / doso, lan nebihi dateng perkawis
ingkang dumugeaken dateng doso utawi maksiyat
2. Anggetuni dateng doso
ingkang sampun dipun lampahi lan isin dateng Allah SWT
3. Kedah kagungan sejo
mboten mangsuli dateng perkawis ingkang dipun larang / awisi dening Allah SWT
4. manawi doso ingkang
dipun taubati meniko berhubungan kaliyan hak-hakipun sesami manungso puniko
inggih langkung rumiyen nyuwun ngapunten. Manawi hubunganipun kaliyan bondo
dunyo inggih puniko nyuwun halalipun utawi ngijoli dateng bondo kolo wau.
Manawi kesalahanipun wonten hubunganipun kaliyan kahurmatan kadosto, adu-adu,
nganiyoyo tiyang sanes, meniko kedah nyuwun ngapunten dateng tiyang ingkang
berhak. Lan sak mantunipun taubat kedah merubah tindak lampahipun, tegesipun
damel bagus utawi mboten wangsuli maleh danten pinten-pinten kesalahan ingkang
sampun kasebat wonten ngajeng.
Poro hadirin sedoyo
ingkang kawulo mulyaaken.
Sak mantunipun kito mangertos
bilih doso punopo kemawon kejawi dosonipun musyrik utawi nyekutoaken Allah,
saged dipun taubati. Milo sumonggo engal-enggal kito ngelampahi taubat mumpung
dereng dumugi ajalipun (sedo). Sebab ajal kito sedoyo puniko boten ngertos
kapan dumuginipun. Lan manawi sampun dumugi puniko boten saged dipun semayani. Kados dawuhipun Allah wonten ing al-Qur’an:
إِذاَ
جاَءَ أَجَلُهُمْ فَلاَ يَسْتَأْخِرُوْنَ سَاعَةً وَلاَ يَسْتَقْدِمُوْنَ
Artosipun: “ Nalikone ajal utawi pati poro manungso
iku wus teko, mongko poro menungso iku mau ora biso jakuk wektu di akhirake
utawi di dhisiake.
Pramilo monggo, sepindah malih mumpung lawang taubat
taksih dipun bikak, enggal-enggal kito ngelampahi taubat. Jalaran manawi sampun
dipun tutup, badhe taubat ingkang kados pundi, tetep mboten saged dipun terami
kaliyan Allah SWT. Dene bates utawi tutup ipun lawang taubat inggih puniko
kados dawuhipun kanjeng Nabi Muhammad SAW:
إِنَّ
اللهَ يَقْبَلُ تَوْبَةَ اْلعَبْدِ مَالَمْ يُغَرْغِرْ
Artosipun: “ Sak temene Gusti Allah iku bakal nerimo
taubat kawulani selagine nyawane durung
ono gorokan”
اَعُوْذُ
باِلله مِنَ الشَّيْطاَنِ الرَّجِيْمِ بِسْمِ الله
الرَّحْمنِ الرَّحِيْمِ. يآ اَيُّهاَ الَّذِيْنَ آمَنُوْا لاَ تُلْهِكُمْ
أَمْوَالُكُمْ وَلاَ أَوْلاَدُكُمْ عَنْ ذِكْرِ اللهِ, وَمَنْ يَفْعَلْ ذلِكَ
فَأُولئِكَ هُمُ اْلخاَسِرُوْنَ. وَأَنْفِقُوْا مِمَّا رَزَقْناَكُمْ مِنْ قَبْلِ
أَنْ يَأْتَِى أَحَدَكُمُ اْلمَوْتُ فَيَقُوْلُ رَبِّ لَوْلاَ أَخَّرْتَنِى إِلَى
أَجَلٍ قَرِيْبٍ, فَأَصَّدَّقَ وَأَكُنْ مِنَ الصَّالِحِيْنَ, وَلَنْ يُأَخِّرُ
اللهَ نَفْساً إِذاَ جاَءَ أَجَلُهاَ وَاللهُ خَبِيْرٌ بِمَا تَعْمَلُوْنَ .
باَرَكَ اللهُ ليِ
وَلَكُمْ فيِ ْالقُرْآنِ اْلعَظِيْمِ - وَنَفَعَنيِ وَإِياَّكُمْ بِمَا فِيْهِ مِنَ
اْلآياَتِ وَالذِّكْرِ اْلحَكِيْمِ - وَتَقَبَّلَ مِنيِّ وَمِنْكُمْ تِلاَوَتَهُ إِنَّهُ
هُوَ السَّمِيْعُ اْلعَلِيْم – أَقُوْلُ قَوْليِ هَذَا وَاسْتَغْفُرُ اللهَ اْلعَظِيْم
ليِ وَلَكُمْ وَلِسَائِرِ اْلمُسْلِمِيْنَ وَاْلمُسْلِمَات وَاْلمُؤْمِنِيْنَ وَاْلمُؤْمِنَات
فَاسْتَغْفِرُوْهُ إِنَّهُ هُوَ اْلغَفُوْرُ الرَّحِيْمِ.
- oOo -
0 komentar:
Posting Komentar
Terimakasih telah berkomentar di website kami