السَّلاَمُ عَلَيْكُمْ
وَرَحْمَةُ اللهِ وَبَرَاكَاتُهُ
الحَمْدُ لله 2
الَذِى أَمَرَ بِالتَّعَاوُنِ عَلىَ اْلبِرِّ وَالتَّقْوَى. نَحْمَدُهُ
سُبْحَانَهُ عَلَى العَرْشِ اسْتَوَى. أَشْهَدُ أَنْ لاَ اِله إِلاَّ الله وَحْدَه
لاَ شَرِيْكَ لَه رَحِيْمٌ لِّلْمُؤْمِنِيْنَ وَلِلْخَائِفِيْن اَمَاناً.
وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدً رَسُوْلُ الله عَبْدُهُ وَرَسُوْلُه أَشْرَفُ
اْلخَلْقِ وَأَكْرَمُ مَنْ دَعَا إِلىَ اْلهُدَى.. اللَّهُمَّ صَلِّ عَلَى
سَيِّدِناَ مُحَمَّد وَعلَى آلِه وَأَصْحَابِه وَسَلَّمَ تَسْلِيْماً كَثِيْرًا.
أَمَّا بَعْدُ – فَيَا عِبَادَ اللهِ ! إِتَّقُوْا اللهَ حَقَّ تُقَاتِه
وَلاَ تَمُوْتُنَّ إِلاَّ وَأَنْتُمْ مُسْلِمُوْنَ. وَقَدْ فَازَ اْلمُتَّقُوْن
وَأَطِيْعُوْا لَعَلَّكُمْ تُفْلِحُوْنَ. وَتَعَاوَنُوا عَلىَ اْلبِرِّ
وَالتَّقْوَى إِبْتِغَاءً رِضْوَانَ اللهِ يُعَظِّمُ اللهُ لَكُمُ اْلأَجْرَ.
Hadirin sidang jum’at ingkang minulyo.
Mangga kita ngaturaken taqwa lan syukur ing
ngarsaning Allah SWT. Ingkang sampun maringi kanikmatan, kesenengan, rizki, lan
panggesangan datèng kawulanipun sahingga kanthi rahmating Allah ugi kita sedaya
tetep wonten ing salebeting iman lan Islam.
Mugi rahmat saha salam kaparingna dateng panutan
kita Nabi Muhammad SAW ingkang sampun kautus dening Allah supados nuntun umat
manungsa nuju dateng margi ingkang leres.
Mugi-mugi kita sedaya kagolong ewoning para
Muttaqin ingkang estu-estu taqwa dateng Allah tansah nindakaken dhawuhing Allah
sarta nebihi awisanipun.
Lan samiyo tulung tinulung ingdalem kebagusan
lan takwa, keranten nyuperih dateng ridhonipun Gusti Allah SWT., ingkang
mekaten puniko Allah Ta’ala badhe ngagungaken ganjaranipun kito sedoyo.
Lan mangertoso bilih hubungan antawisipun sesami
tiyang Islam puniko perkawis ingkang kedah kito galang sak estu. Sebab kanti
pendidikan saestu puniko nimbulaken akibat ingkang sahe, inggih meniko tujuan izzul
Islam wal muslimin, saged enggal terwujud. Lan monggo kito samiyo imut
dateng dawuhipun Allah SWT wonten ing al-Qur’an surat al-Hujurat : 10:
إِنمَّاَ
اْلمُؤْمِنُوْنَ إِخْوَةٌ فَأَصْلِحُوْا بَيْنَ أَخَوَيْكُمْ وَاتَّقُوْا اللهَ
لَعَلَّكُمْ تُرْحَمُوْنَ
Artosipun: ” sejatine wong-wong mukmin kabeh
iku sedulur, mulo siro kabeh podho islaho / bagusono ing antarane siro kabeh,
lan siro kabeh podho wediyo marang Gusti Allah supoyo siro kabeh deh diwelasi”.
Poro hadirin sidang jum’at ingkang minulyo.
Ayat puniko mengandung perintah dateng kito sedoyo
supados ngeraketaken anggenipun persederekan kito, sebab panci ing antawisipun
tiyang Islam kaliyan tiyang Islam lintunipun kedah saling ngiyataken kados
bangunan griyo. Amargi kanjeng Nabi Muhammad SAW sampun dawuh:
المُؤْمِنُ
لِلْمُؤْمِنِ كَاْلُبنْياَنِ يَشُدُّ بَعْضُهُ بَعْضًا
Artosipun: ” Wong mukmin marang mukmin liyane
iku koyo dene bangunan siji, kang setengah marang setengahe tansah nguwatake /
saling nguwatake”.
Kanthi katerangan ayat kaliyan hadis kolo wahu, nedahaken
ing kito bilih tiyang Islam utawi tiyang mukmin kaliyan konco sesami mukmin
puniko kedah tansah menggalang persatuan lahir tuwin bathin. Kitho kedah selalu
asih-asihan kaliyan sesami sederek Islam, lan kito kedah njagi dateng
hak-hakipun persederekan lan sampun ngantos kito meniko nyakiti dumateng
manahipun sederek kito sesami Islam. Sebab kito piyambak manawi dipun sakiti
inggih boten puru,. Pramilo monggo kito jagi supados kito sampun ngantos
nyakiti dateng manahipun tiyang sanes.
Hadirin, sidang jum’at ingkang minulyo.
Mengertoso bilih umumipun ukhuwwah islamiyah ingkang
retak puniko dipun sebabaken saking hasud lan ungkur-ungkuran, lan rebutan
perkawis dunyo ingkang mirah reginipun dibandingaken ukhuwah islamiya meniko,
ingkang akhiripun boten rumahos, bilih ngeten puniko saged nimbulaken retakipun
persederekan.
Mugi-migi kito termasuk tiyang mukmin ingkang sahe lan
njagi hak-hakipun sesami mukmin.
اَعُوْذُ
باِلله مِنَ الشَّيْطاَنِ الرَّجِيْمِ بِسْمِ الله الرَّحْمنِ الرَّحِيْمِ
.وَاعْتَصِمُوْا بِحَبْلِ اللهِ جَمِيْعًا وَلاَ تَفَرَّقُوْا وَاذْكُرُوْا اللهَ
عَلَيْكُمْ اِذْكُنْتُمْ أَعْدَاءً فَأَلَّفَ بَيْنَ قُلُوْبِكُمْ فَأَصْبَحْتُمْ
بِنِعْمَتِهِ إِخْوَاناً, وَكُنْتُمْ عَلَى شَفَاحُفْرَةٍ مِنَ النَّارِ
فَأَنْقَذَكُمْ مِنْهَا كَذلِكَ يُبَيِّنُ اللهَ لَكُمْ آيتِه لَعَلَّكُمْ
تَهْتَدُوْنَ.
باَرَكَ اللهُ ليِ
وَلَكُمْ فيِ ْالقُرْآنِ اْلعَظِيْمِ - وَنَفَعَنيِ وَإِياَّكُمْ
بِمَا فِيْهِ مِنَ اْلآياَتِ وَالذِّكْرِ اْلحَكِيْمِ - وَتَقَبَّلَ مِنيِّ وَمِنْكُمْ
تِلاَوَتَهُ إِنَّهُ هُوَ السَّمِيْعُ اْلعَلِيْم – أَقُوْلُ قَوْليِ هَذَا وَاسْتَغْفُرُ
اللهَ اْلعَظِيْم ليِ وَلَكُمْ وَلِسَائِرِ اْلمُسْلِمِيْنَ وَاْلمُسْلِمَات وَاْلمُؤْمِنِيْنَ
وَاْلمُؤْمِنَات فَاسْتَغْفِرُوْهُ إِنَّهُ هُوَ اْلغَفُوْرُ الرَّحِيْمِ.
-oOo-
0 komentar:
Posting Komentar
Terimakasih telah berkomentar di website kami